Tampilkan postingan dengan label kolektor mainan solo. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label kolektor mainan solo. Tampilkan semua postingan

Jumat, 19 Desember 2014

Satria Garuda Bima X Exhibition with Kids Station Solo Square

Iklan dhisik, ben blogku sajak payu :v.

Halo, ndhekwingi sore aku dolan menyang Pameran Satria Garuda Bima X barengan Stasiun Bocah neng Mal Solo Kothak. Sumangga sesarengan dipunpirsani review saking kula, matur sembah nuwun sakderengipun.

Saka lawang ngarepan Mal wis disambut gerbang sing ana gambar Bima X.
 Display saka cedhakan nek kowe mengko wis mlebu menyang Pameran Bima X kuwi.

Topeng Bima X sing dipajang, nek ra kleru kurang sing werna ungu, lali jeneng form'e.

Bima X Changer sing versi Standart, detail'e apik, nanging nggon pergelangan tangan ora isoh ditekuk, ora ana lampu lan ora ana suwarane. Regane nek ora kleru antara 150-200ewu.

Pedhange Bima X versi Standart, regane nek ora kleru ya padha karo Changer'e versi Standart sing ndhekmau.  Isoh dadi versi manuke sing jenenge Heli Guk Guk Guk, eh Helios.

Panah Asmara Arjundhes, eh maksud'e Panahe Bima X versi Standart. Regane ya ketoke ameh padha karo Bima Changer ndhekmau, uga isoh dadi manuk Helios.

Soft Vinyl Bima X, rega 130ewu jujul 100 rupiyah. Iki action figure sing awet, soale bahanne saka karet, dadi nek dibanting bocah cilik ora bakal remuk. Sayange gur ana sing werna biru lan ijo thok.

DX Bima God Helios Form, saka regane sekitar ameh 400ewu, didiskon dadi gur 300ewu jujul 100 apa 1000 rupiah ngono. Action figure iki akeh artikulasi sendhine, isoh dipose-posene ngono kuwilah. Karo ya entuk God Heliose sing isoh dadi versi manuk lan isoh digabung karo figure Bimane. Iki Bima Satria Garuda sing versi season pisanan, dudu sing versi Bima X.

Dolanan sing iki ora ngerti jeneng genahe, sing ana neng kiwa kuwi cara mainne nek ora kleru kuwi semacem raket trus tengahe ana tali sing pucuke ana bal, trus mainne dijedhuk-jedhukne apa piye ya kurang ngerti. Nek sing sisih kiwa kuwi gangsingan. Regane nek ora kleru sekitar 30ewunan.

Bal bekel sing njerone ana gambare Bima Satria Garuda ana sisih ndhuwur, sing sisih ngisor kuwi ana Gangsingan sing isoh murup. Regane nek ora kleru ya sekitar 30ewunan.

Semacem Candy Toys nanging tanpa Candy (sing biyasa tuku sing versi Kamen Rider biyasane mudheng). Neng kono ana sing senjatane Bima X sing isoh dadi manuke jenenge Helios, lha kuwi  ana 4 macem lan saben bungkuse isine acak, regane 30ewu. Trus ya ana Micro Figure Bima Satria Garuda sing isine 2 utawa 3 figure ukuran cilik sing salah sijine berwarna lan isi liyane gur ana sakmacem werna thok, regane sekitar 20-30ewu. Ana meneh Bima X Power Stone (iki nek ana neng filme digoleki tokohe ngalor ngidul, baknena ya gur didol neng kene -.-), ana 8 macem nek ora kleru, lan saben wungkuse isi 2 macem acak, regane 15ewu.

Sakliyane Pameran dolanane Satria Garuda Bima X ndhekmau, uga ana pameran dolanan saka karakter serial liyane, kayata sing ana neng gambar ngisor iki.

Robot-robotan Gundam, aku ora apal jenenge, jenise lan regane :p.

Gundam-Gundaman meneh. Neng sisih ndhuwur kuwi ana Candy Toys'e gantungan kunci ToQGer nek ora kleru regane sekitar 80ewu. Uga ana Candy Toys 66 Action Kamen Rider Shin Zangetsu, Fourze lan Eternal sing regane sekitar 130ewunan. Karo ana Action Figure One Piece mbuh aku ora ngapali jenenge, linine lan regane.

Pacman dolanane ana sisih ngisor lan tengah, trus ya ana semacem Transformers neng sisih ndhuwur lan tengah sisih tengen foto.

Godzilla iki dolanane ya cukup menarik, sing ngisor sing ukuran rada gedhe kuwi nek ora kleru regane sekitar 300-400ewunan, nek sing cilik bentuke chibi neng sisih ndhuwur kuwi aku lali regane pira.

Power Rangers karo Super Sentai ya dolanane dipajang neng kene. Ana Mighty Morphin Power Rangers sing werna abang kuwi regane sekitar 300-400ewu, nek Power Rangers Megaforce aku ora ngerti regane. Trus sing sisih ngisor kuwi ya ana DX Megazord'e Zyuden Sentai Kyoryuger, nanging mung ana sakmacem kuwi thok.

Kamen Rider ya dipajang barang dolanane ana kene. Sisih pojok ndhuwur kiwa ana Arms Change Kamen Rider Gaim, Baron lan Ryugen regane ameh 900ewu. Sisih ndhuwur kiwa tengen ana Belt'e Kamen Rider OOO, nanging dudu versi DX nek ora kleru regane sekitar 300ewunan. Sisih tengah kiwa ana DX Candroid Kamen Rider OOO rega sekitar 300ewu. Sisih tengah bagiyan tengah ana semacem Candy Toys Medal Kamen Rider OOO rega 50ewunan. Sisih tengah bagiyan tengen ana DX Lockseed Kamen Rider Gaim Kiwami Arms regane mungkin sekitar 300-500ewu. Sisih ngisor ana Belt'e Kamen Rider OOO, ora ngerti versine apa sing genah dudu DX lan regane sekitar 150ewu.

Ana meneh dolanan Kamen Rider sing liyane. Belt'e Kamen Rider OOO kuwi dudu versi DX lan ya wis tak jelasne neng gambar sakdurunge. Sing Kamen Rider W Stag Phone kuwi versi  DX, nanging aku lali regane pira. Mburine Stag Phone ana DX Belt Kamen Rider W, regane nek ora kleru sekitar 1yuta punjul.

Tokyo Vinyl Power Ranger Megaforce sing werna abang lan biru uga dipajang ana kene, regane nek ora kleru 150ewunan. Sing ngisor kuwi ya ana topenge Power Rangers Megaforce lan Power Rangers Samurai.

Ben10 ya dipajang dolanane.

Soft Vinyl Ultraman lan Kaiju sing regane sekitar 130ewu.

Dolanane Ben10 meneh, uga ana topenge.

Gundam-Gundaman meneh.

Gundam-Gundaman meneh lan meneh. Gek ana sing Gundame awake gur separo thok, Bandai pancen tegel tenan mosok awak kok gur separo.

Panggung sing ana sisih kiwa saka lawang mlebu, background'e kuwi nek dipasang neng kamar ya bakal manteb tenan.

Nonton saka lantai ndhuwure ketok ana sing gembandhul Power Stone'e Bima X werna biru lan semacem ornamen bentuke kaya topenge Bima Satria Garuda.

Pameran ditonton saka lantai ndhuwure, ketok panggung, stan display dolanan lan ornamen sing gembandhul nyambut Natal lan uga ketok ana Power Stone Bima X lan topenge Bima Satria Garuda.

Last but not least, jare sapa dolanan manuk tukune kudu neng Pasar Depok. Iki hasil jajan neng Pameran kuwi mau supaya bisa melu Meet n Greet Satria Garuda Bima X. Aku entuk Candy Toys'e senjata Bima X komplit lan Power Stone, uga njupuki brosur Stasiun Bocah lan Flyer acarane kuwi.

O ya, dadi acarane Meet n Greet pemeran Bima X kuwi tanggal 27 Desember 2014 jam 1 awan, jam 4 sore lan jam 7 wengi, karo tanggal 28 Desember 2014 jam 1 awan, jam 3 sore lan jam 5 sore. Sarate ben isoh melu kuwi, kowe kudu blanja minimal 150ewu neng Pameran kuwi, trus mengko kowe bakal didhaftar neng nggon mbak-mbake sing ngurusi. Acara Meet n Greet Bima X kuwi mau mengko pesertane bakal didum per sesi wektu, dadi aja kuwatir nek bakal keramen.
Acara Pameran dolanan kuwi mau dilekasi saka tanggal 17 Desember 2014 lan dipungkasi tanggal 5 Januari 2015. Sakliyane Pameran dolanan, uga ana lomba-lomba liyane (nek pengin mudheng kaya piye ya maraa langsung mrana, aja takon aku, aku gur ngandhani sing tak ngerteni thok soale).

Ya ngono kuwi mau sing bisa tak aturake marang kowe-kowe kabeh, matur sembah nuwun sakderengipun sampun purun maos blog kula. Kepanggih malih wonten artikel selajengipun.

Tetep sehat, tetep semangat, supaya bisa tetep dolanan...

Senin, 15 Desember 2014

Solo Toys Fair 2014 at Solo Square



Akhir Minggu ndhekwingi, pase dina setu karo minggu tanggal 13-14 Desember dianakne acara Solo Toys Fair neng Solo Sq**r* Mall. Neng ngisor iki reviewne sithik, nggo gambaran mbok menawa pengin teka ning baknena ora isoh. Dilekasi mbayar tiket 15ewu sakdurunge mlebu neng njerone.

Sakdurunge neng Toys Fair, aku dolan sik neng K*dz St*t**n, ngumbah mata nonton dolanane Ultraman karo mungsuh monstere. Lagi ana diskonan sekitar 30%.

Dolanane Godzilla ya ana iki, didiskon 30% barang, mbuh kabeh didiskon apa gur sebagian. Bar saka kene ki mau, trus aku langsung njujug neng lantai ndhuwur menyang acara Toys Fair.

Pisanan mlebu nyawang sisih kiwa ana sing dodolan Hot Wheels kaya ngene iki, ora ngerti regane piranan.

Neng sebrange kuwi mau ana Un*c*rn Toys saka Semarang sing dodolan Model Kit Gundam lan sakpiturute.

Foto stan nggone Un*c*rn Toys saka jarak rada adoh, ben ketok kabeh dodolane (sanajan kurang cetha).

Iki dodolan liyane Hot Wheels sing ana neng stan pisanan tak dudohi ndhekmau.

Stan jejere Un*c*rn Toys ndhekmau sing dodolan kaos gambar Gundam.

Nemu Candy Toys 66 Kamen Rider neng stane Un*c*rn Toys regane sijine 80ewu, ning aku ora tuku.

Nek iki Candy Toys dodolanne nggone stan J*g**n.

Gashapon dodolanne J*g**n Toys. Aku neng Toys Fair iki gur tuku Gashapon High Grade Gokai Yellow neng kene, regane 25ewu rupiyah.

Stan sing iki mbuh nggone sapa, aku ra ngapali panggonan karo jeneng tokone.

Sing iki stanne dodolan Hot Wheels wuakeh biyanget, lali aku jeneng tokone apa. Nek ra kleru regane saka sijine 20ewu rupiyah, kondhisine ijik blisteran, karo akeh Hot Wheels weton taun lawas.

Tokone sing iki dodolan klambi sing temane saka anime lan tokusatsu, aku ora ngerti jeneng tokone apa.

Sing sisih kiwa kuwi stane Hongli Solo, dodolanne Model Kit Gundam karo ya ana Model Kit liyane, trus ya ana piranti-piranti sing isoh ngapikne Model Kit Gundam. Sing nduwe ya kancaku neng Kolektor Mainan Solo.

Nek iki stan dodolan titipanne kanca-kanca sing ana neng Kolektor Mainan Solo. Dadi kanca-kanca sing pengin ngedol dolanan isoh nitipne ana neng kene.

Iki ya stan dodolanne Kolektor Mainan Solo, kae sing nunggu ya kancaku neng Kolektor Mainan Solo.

Sing iki lagi stan dinggo majang dolanan kanca-kanca sing dadi anggotane Kolektor Mainan Solo.

Stan Mechastore (CMIIW) nggone Aditya Permadi (kancaku sing ya dadi anggota Kolektor Mainan Solo), dodolan t-shirt karo merchandise sing gambare jan jos tenan.

Stan Komunitas Motorcycle Diecast Indonesia, isine padha dipajang motor-motor sing bahanne saka wesi alias diecast. Anggotane ya ana sing melu Kolektor Mainan Solo.


Stan sing isine majang dolanan Papercraft alias bahanne sing saka kertas diguntingi trus dibentuk ben isoh ketok apik.

Stan nggone Komunitas sing seneng Gundam.

Etalase iki nggone stan Superman Fans of Indonesia region Jogja.

Wallpaper stan Superman Fans of Indonesia sing jos tenan, bakal luwih apik nek isoh ditemplekne neng kamarku, :p.

Ora gur diecast karo action figure thok, iki ya ana stan sing dodolan boneka.

Iki ya ana stan sing dodolan barang-barang sing ana hubunganne karo anime-anime.

Lomba balapan Mini 4WD sing ana cedhak pintu masuk, kae sing ngadeg neng tengah nyekel Tamiya kae jenenge Mas Devi, cah Kolektor Mainan Solo ya nan, koleksine barang dewa kabeh :v.

Mini 4WD sing didol ana neng stan Un*c*rn Toys.

Sampah sing kanggo wong biyasa wis ora ana gunane, neng kene didadekne dolanan sing sangar karo nduweni nilai seni sing apik. Sing gawe iki jenenge Mas Harun Jahrun, ya dadi anggota ana Kolektor Mainan Solo.

Iki dolanan guwedhi, nek ora kleru dhuwure sekitar 50cm, digawe saka barang-barang bekas sing wis ora kanggo. Nggone Mas Harun Jahrun iki ya nan.

Penampakan robot guwedhi ndhekmau nek disawang saka mburi.

Ana neng stan liyane majang Diorama perang-perangan kaya ngene, ukuranne lumayan cilik sih, kuwi lapanganne nek ra kleru gedhene sakbuku tulis.

Ben mripate padha rada melek sithik, tak dudohi dolanan sing dinggo cah gedhe iki.

Dolanan kanggo cah gedhe, sing ijik cah cilik ora entuk :p.

Nha kuwi mau kabeh oleh-oleh saka aku sakwise mlaku-mlaku neng Solo Toys Fair neng Solo Sq*r* Mall. Muga kabeh padha seneng karo postinganku lan padha bisa nduweni gambaran kira-kira Pameran Dolanan kuwi mau kaya ngapa. Dadi umpama sukmben ana meneh, kowe bakal terbiyasa.

Gokai Yellow alias Luka Milfy alias Mao Ichimichi sing tak tuku rega 25ewu, karo kumpulan kertas brosur, kertu jeneng lan stiker saka Pameran Dolanan ndhekmau.

Tetep sehat, tetep semangat, supaya tetep bisa dolanan...