Tampilkan postingan dengan label Dolanan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Dolanan. Tampilkan semua postingan

Selasa, 30 Desember 2014

Hunting Dolanan Sekaten

Pirang-pirang dina iki, kurang luwih awal sasi Desember Alun-Alun Lor Surakarta dianakne acara Sekatenan. Neng kono kuwi akeh banget didoli dolanan-dolanan tradisional, saka Pecut, Gamelan sing digawe saka seng, Alat Masak-Masakan sing uga digawe saka bahan seng, Kodhok-Kodhokan sing umpama dipijet bisa muni, Kapal Othok-Othok, lan sakpiturute. Ora gur dolanan tradisional, nanging uga ana pirang-pirang dolanan modern liyane. Bisa didelok saka gambar-gambar sing tak jupuk ana ing ngisor iki:

Ana njero Pagelaran Kraton Surakarta ana kang dodolan Boneka Barbie sakklambine iki, sing genah produk KW alias dudu Ori.

Pinggiran Alun-Alun Lor Surakarta mesthi kowe bakal nemoni kaya ngene iki, wong dodolan dolanan Pasaran sing digawe saka lemah lempung. Uga ketok ana neng gambar yaiku celengan kang awujud kewan-kewanan kayata Macan, Jerapah, Jaran Zebra, lan sakliyane.

Celengan kang wujude rada modern sithik yaiku Doraemon lan mbuh iku manuk-manukan saka kartun apa. Uga sing ana neng sisih ngisor kuwi celengan awujud sapi, lan sing neng ndhuwur ana celengan awujud pitik.

Piranti dolanan pasaran kang awujud timbangan sing digawe saka bahan seng uga bisa didelok ana ing ndhuwur gambar. Sisih tengah gambar uga ketok ana celengan Semar lan celengan Marsha and The Bear.

Celengan Spongebob, Patrick Star lan Angry Bird uga bisa ditemoni ana ing pagelaran Sekaten 2014 iki.

Kapal Othok-Othok uga dadi dolanan khas kang bisa ditemoni ana ing pagelaran Sekaten. Sakliyane kuwi mau ya ana Helm Baja Hitam utawa Kamen Rider utawa jenis Tokusatsu liyane sing digawe saka tangan kreatif bakule.

Topeng Superhero sakliyane Baja Hitam mau ya uga bisa ditemoni neng Sekaten. Nha bakule topeng kuwi mau ya sisan dodolan Kapal Othok-Othok meneh.

Montor-Montoran kang awujud Bus saka bahan dhasar kayu uga bisa ditemoni neng panggonan sing dodolan Celengan uga Pasaran.

Piranti kanggo dolanan Pasaran kang digawe saka lemah lempung, biyasane bocah wadon cilik padha seneng dolanan kaya ngene iki.

Sekaten ora bakal pepak umpama ora ana dolanan tradisionale, kayata sing bisa didelok saka gambar yaiku Topeng Reog, Jaran Kepang, Truk saka kayu lan Gamelan sing digawe saka wesi tipis utawa seng.

Kuwi mau sithik sing bisa takbagi saka Sekaten 2014 kang digelar ana ing Alun-Alun Lor Surakarta. Mumpung iki ijik ana, sumangga para sedherek kang maca tulisan iki tak aturi tindak mrana. Aja lali dolan-dolan, nanging uga tetep nguri-uri Kabudayan Jawa.

Tetep waras, tetep semangat, supaya tetep bisa dolanan...

Senin, 15 Desember 2014

Solo Toys Fair 2014 at Solo Square



Akhir Minggu ndhekwingi, pase dina setu karo minggu tanggal 13-14 Desember dianakne acara Solo Toys Fair neng Solo Sq**r* Mall. Neng ngisor iki reviewne sithik, nggo gambaran mbok menawa pengin teka ning baknena ora isoh. Dilekasi mbayar tiket 15ewu sakdurunge mlebu neng njerone.

Sakdurunge neng Toys Fair, aku dolan sik neng K*dz St*t**n, ngumbah mata nonton dolanane Ultraman karo mungsuh monstere. Lagi ana diskonan sekitar 30%.

Dolanane Godzilla ya ana iki, didiskon 30% barang, mbuh kabeh didiskon apa gur sebagian. Bar saka kene ki mau, trus aku langsung njujug neng lantai ndhuwur menyang acara Toys Fair.

Pisanan mlebu nyawang sisih kiwa ana sing dodolan Hot Wheels kaya ngene iki, ora ngerti regane piranan.

Neng sebrange kuwi mau ana Un*c*rn Toys saka Semarang sing dodolan Model Kit Gundam lan sakpiturute.

Foto stan nggone Un*c*rn Toys saka jarak rada adoh, ben ketok kabeh dodolane (sanajan kurang cetha).

Iki dodolan liyane Hot Wheels sing ana neng stan pisanan tak dudohi ndhekmau.

Stan jejere Un*c*rn Toys ndhekmau sing dodolan kaos gambar Gundam.

Nemu Candy Toys 66 Kamen Rider neng stane Un*c*rn Toys regane sijine 80ewu, ning aku ora tuku.

Nek iki Candy Toys dodolanne nggone stan J*g**n.

Gashapon dodolanne J*g**n Toys. Aku neng Toys Fair iki gur tuku Gashapon High Grade Gokai Yellow neng kene, regane 25ewu rupiyah.

Stan sing iki mbuh nggone sapa, aku ra ngapali panggonan karo jeneng tokone.

Sing iki stanne dodolan Hot Wheels wuakeh biyanget, lali aku jeneng tokone apa. Nek ra kleru regane saka sijine 20ewu rupiyah, kondhisine ijik blisteran, karo akeh Hot Wheels weton taun lawas.

Tokone sing iki dodolan klambi sing temane saka anime lan tokusatsu, aku ora ngerti jeneng tokone apa.

Sing sisih kiwa kuwi stane Hongli Solo, dodolanne Model Kit Gundam karo ya ana Model Kit liyane, trus ya ana piranti-piranti sing isoh ngapikne Model Kit Gundam. Sing nduwe ya kancaku neng Kolektor Mainan Solo.

Nek iki stan dodolan titipanne kanca-kanca sing ana neng Kolektor Mainan Solo. Dadi kanca-kanca sing pengin ngedol dolanan isoh nitipne ana neng kene.

Iki ya stan dodolanne Kolektor Mainan Solo, kae sing nunggu ya kancaku neng Kolektor Mainan Solo.

Sing iki lagi stan dinggo majang dolanan kanca-kanca sing dadi anggotane Kolektor Mainan Solo.

Stan Mechastore (CMIIW) nggone Aditya Permadi (kancaku sing ya dadi anggota Kolektor Mainan Solo), dodolan t-shirt karo merchandise sing gambare jan jos tenan.

Stan Komunitas Motorcycle Diecast Indonesia, isine padha dipajang motor-motor sing bahanne saka wesi alias diecast. Anggotane ya ana sing melu Kolektor Mainan Solo.


Stan sing isine majang dolanan Papercraft alias bahanne sing saka kertas diguntingi trus dibentuk ben isoh ketok apik.

Stan nggone Komunitas sing seneng Gundam.

Etalase iki nggone stan Superman Fans of Indonesia region Jogja.

Wallpaper stan Superman Fans of Indonesia sing jos tenan, bakal luwih apik nek isoh ditemplekne neng kamarku, :p.

Ora gur diecast karo action figure thok, iki ya ana stan sing dodolan boneka.

Iki ya ana stan sing dodolan barang-barang sing ana hubunganne karo anime-anime.

Lomba balapan Mini 4WD sing ana cedhak pintu masuk, kae sing ngadeg neng tengah nyekel Tamiya kae jenenge Mas Devi, cah Kolektor Mainan Solo ya nan, koleksine barang dewa kabeh :v.

Mini 4WD sing didol ana neng stan Un*c*rn Toys.

Sampah sing kanggo wong biyasa wis ora ana gunane, neng kene didadekne dolanan sing sangar karo nduweni nilai seni sing apik. Sing gawe iki jenenge Mas Harun Jahrun, ya dadi anggota ana Kolektor Mainan Solo.

Iki dolanan guwedhi, nek ora kleru dhuwure sekitar 50cm, digawe saka barang-barang bekas sing wis ora kanggo. Nggone Mas Harun Jahrun iki ya nan.

Penampakan robot guwedhi ndhekmau nek disawang saka mburi.

Ana neng stan liyane majang Diorama perang-perangan kaya ngene, ukuranne lumayan cilik sih, kuwi lapanganne nek ra kleru gedhene sakbuku tulis.

Ben mripate padha rada melek sithik, tak dudohi dolanan sing dinggo cah gedhe iki.

Dolanan kanggo cah gedhe, sing ijik cah cilik ora entuk :p.

Nha kuwi mau kabeh oleh-oleh saka aku sakwise mlaku-mlaku neng Solo Toys Fair neng Solo Sq*r* Mall. Muga kabeh padha seneng karo postinganku lan padha bisa nduweni gambaran kira-kira Pameran Dolanan kuwi mau kaya ngapa. Dadi umpama sukmben ana meneh, kowe bakal terbiyasa.

Gokai Yellow alias Luka Milfy alias Mao Ichimichi sing tak tuku rega 25ewu, karo kumpulan kertas brosur, kertu jeneng lan stiker saka Pameran Dolanan ndhekmau.

Tetep sehat, tetep semangat, supaya tetep bisa dolanan...