Selasa, 30 Desember 2014

Hunting Dolanan Sekaten

Pirang-pirang dina iki, kurang luwih awal sasi Desember Alun-Alun Lor Surakarta dianakne acara Sekatenan. Neng kono kuwi akeh banget didoli dolanan-dolanan tradisional, saka Pecut, Gamelan sing digawe saka seng, Alat Masak-Masakan sing uga digawe saka bahan seng, Kodhok-Kodhokan sing umpama dipijet bisa muni, Kapal Othok-Othok, lan sakpiturute. Ora gur dolanan tradisional, nanging uga ana pirang-pirang dolanan modern liyane. Bisa didelok saka gambar-gambar sing tak jupuk ana ing ngisor iki:

Ana njero Pagelaran Kraton Surakarta ana kang dodolan Boneka Barbie sakklambine iki, sing genah produk KW alias dudu Ori.

Pinggiran Alun-Alun Lor Surakarta mesthi kowe bakal nemoni kaya ngene iki, wong dodolan dolanan Pasaran sing digawe saka lemah lempung. Uga ketok ana neng gambar yaiku celengan kang awujud kewan-kewanan kayata Macan, Jerapah, Jaran Zebra, lan sakliyane.

Celengan kang wujude rada modern sithik yaiku Doraemon lan mbuh iku manuk-manukan saka kartun apa. Uga sing ana neng sisih ngisor kuwi celengan awujud sapi, lan sing neng ndhuwur ana celengan awujud pitik.

Piranti dolanan pasaran kang awujud timbangan sing digawe saka bahan seng uga bisa didelok ana ing ndhuwur gambar. Sisih tengah gambar uga ketok ana celengan Semar lan celengan Marsha and The Bear.

Celengan Spongebob, Patrick Star lan Angry Bird uga bisa ditemoni ana ing pagelaran Sekaten 2014 iki.

Kapal Othok-Othok uga dadi dolanan khas kang bisa ditemoni ana ing pagelaran Sekaten. Sakliyane kuwi mau ya ana Helm Baja Hitam utawa Kamen Rider utawa jenis Tokusatsu liyane sing digawe saka tangan kreatif bakule.

Topeng Superhero sakliyane Baja Hitam mau ya uga bisa ditemoni neng Sekaten. Nha bakule topeng kuwi mau ya sisan dodolan Kapal Othok-Othok meneh.

Montor-Montoran kang awujud Bus saka bahan dhasar kayu uga bisa ditemoni neng panggonan sing dodolan Celengan uga Pasaran.

Piranti kanggo dolanan Pasaran kang digawe saka lemah lempung, biyasane bocah wadon cilik padha seneng dolanan kaya ngene iki.

Sekaten ora bakal pepak umpama ora ana dolanan tradisionale, kayata sing bisa didelok saka gambar yaiku Topeng Reog, Jaran Kepang, Truk saka kayu lan Gamelan sing digawe saka wesi tipis utawa seng.

Kuwi mau sithik sing bisa takbagi saka Sekaten 2014 kang digelar ana ing Alun-Alun Lor Surakarta. Mumpung iki ijik ana, sumangga para sedherek kang maca tulisan iki tak aturi tindak mrana. Aja lali dolan-dolan, nanging uga tetep nguri-uri Kabudayan Jawa.

Tetep waras, tetep semangat, supaya tetep bisa dolanan...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar