Minggu, 31 Agustus 2014

Kamen Rider DRIVE

Sakbubare Kamen Rider GAIM sasi September iki, serial Kamen Rider bakal ditutukne karo sing anyar jenenge Kamen Rider DRIVE. Kaya piye Kamen Rider DRIVE kuwi, kira-kira sing bisa tak critakne kaya ngene. Sing marai unik saka Kamen Rider DRIVE kuwi tema kostum lan alat-alate saka mobil. Isoh didelok ae sing biyasane Kamen Rider kuwi numpake motor, lha saiki dadi nyopir mobil. Trus armor kostume ya nggon dhadhane kuwi nganggo nyampirne ban barang. Nek sirahe didelok kuwi mripate ya kaya lampu mobil, maskere kaya bemper mobil, trus antenane ya kaya sayap mburi nek nggon mobil balap ngono kae.
Nha kuwi wujude Kamen Rider DRIVE karo mobil tumpakane sing jenenge TRIDRON.
Iki alat perubahe alias sabuke lan mobil-mobilane.
Tokoh pemeran karo sing ngisi opening soundtracke.



Samak majalah Jepang sing ana wujude Kamen Rider DRIVE.
Awake Kamen Rider DRIVE sing luwih cetha.

Kamen Rider DRIVE karo mobile TRIDORON.

Maturnuwun wis gelem mara mrene ya, cah. Nek pengin weruh critane Kamen Rider DRIVE kaya ngapa, ya mengko ditonton wae nek wis metu link streaminge. Iki tak wenehi bonus fanarte Kamen Rider DRIVE.


Ksatria Baja Hitam apa Kamen Rider?

Halo, saiki aku nyoba ngeblog nganggo Basa Jawa ya, cah. Ben bisa melu nguri-uri budaya dhewe karo sisan menehi info marang hobi sing tak senengi iki, yaiku nonton serial tokusatsu sing jenenge Kamen Rider utawa akeh-akehe wong Indonesia nyebute Ksatria Baja Hitam.

Kamen Rider kuwi apa ta jan-jane? Lha neng kene aku nyoba njelaske. Kamen Rider kuwi asline ukara Basa Jepang sing nduweni artine Pengendara (Wong numpak pit motor) Bertopeng. Serial Kamen Rider kuwi ndhisike sing nyiptakne jenenge Shotaro Ishinomori, lekas ditayangke saka tahun 1971 tekan saiki, nanging ameh saben taune mesthi nduweni karakter lan crita sing anyar lan beda-beda kabeh. Sing marai khas saka Kamen Rider kuwi biyasane karaktere kuwi nduweni mripat lan antena kaya serangga.

Lha trus nek Ksatria Baja Hitam kuwi apa? Nek Ksatria Baja Hitam iku wong-wong Indonesia sing ngarani, soale pas taun 90an ndhisik sempet tayang ana neng TV Indonesia sing jenenge Kamen Rider Black trus dialihaksarakne jenenge dadi Ksatria Baja Hitam. Amarga kuwi tau booming nganti seprene dadine wong-wong malah keterusan nyebut Kamen Rider kuwi Ksatria Baja Hitam.

Sing neng ndhuwur kuwi mau gambare Kamen Rider sing wis tau tayang seprene. Nek sing ngadeg sisih tengen karo sing ana gambar baris ndhuwur kuwi klebu era Showa, trus sing neng gambar baris ngisor kuwi klebu era Heisei. Ngapa kok disebut Showa lan Heisei, amarga nuruti kaya era kekaisaran Jepang karo serial Kamen Rider sempet vakum rada suwe sakbubare Kamen Rider Black RX lan filme Kamen Rider J.

Sing klebu era Showa kuwi mau tak sebutne saka sing ana neng gambar ndhuwur yaiku sing ngadeg sisih paling tengen kuwi Kamen Rider ICHIGO, trus urutanne saka baris sisih ndhuwur saka kiwa yaiku Kamen Rider NIGO, Kamen Rider V3, RIDERMAN, Kamen Rider X, Kamen Rider AMAZON, Kamen Rider STRONGER, SKYRIDER, Kamen Rider SUPER ONE, Kamen Rider ZX, Kamen Rider BLACK, Kamen Rider BLACK RX, SHIN Kamen Rider, Kamen Rider ZO lan Kamen Rider J.

Kamen Rider era Heisei kuwi sing ana gambar sisih baris ngisor. Jenenge tak urutne saka kiwa yaiku Kamen Rider KUUGA, Kamen Rider AGITO, Kamen Rider RYUKI, Kamen Rider FAIZ, Kamen Rider BLADE, Kamen Rider HIBIKI, Kamen Rider KABUTO, Kamen Rider DEN-O, Kamen Rider KIVA, Kamen Rider DECADE, Kamen Rider W, Kamen Rider OOO, Kamen Rider FOURZE lan Kamen Rider WIZARD.

Nha trus ana meneh Kamen Rider sing saiki jik tayang ana Jepang kana yaiku jenenge Kamen Rider GAIM. Gambare kaya sing ngisor iki.

Trus ana meneh sing bakal nerusne nek Kamen Rider GAIM wis tamat sasi September 2014 iki yaiku jenenge Kamen Rider DRIVE. Gambare kaya ngene.
Nha kuwi mau tak kandhani sithik babakan perkara sing jenenge KAMEN RIDER. Suk meneh tak sharing sing liyane. Maturnuwun.

Sabtu, 30 Agustus 2014

Komik Street Fighter


Beberapa waktu lalu saat saya hunting buku bekas di Gladag, saya menemukan harta karun masa lalu berupa komik Street Fighter dengan gaya komik khas Hong Kong atau mungkin Taiwan. Saya mendapatkan harga masing-masing 3ribu rupiah saja. Dan kualitasnya masih seperti baru, hanya saja kondisi kertasnya rada menguning, maklumlah karena ini barang lama. Sayangnya juga saya hanya mendapat volume pertama dan keenam doang, yah mungkin lain waktu bisa melengkapi. Yang khas dari komik jaman dulu adalah apabila tokohnya mengeluarkan jurus, namanya rada absurd, bukan yang namanya Hadouken, namun kurang lebih seperti Pukulan Perobek Sukma atau apalah semacam itu. Dan di komik ini yang sedikit aneh adalah ada karakter tambahan dari karakter serial lain di King of Fighters. Padahal ini komik Street Fighter, namun ada juga Terry Bogard dan beberapa kawannya. Yah walaupun begitu, benda kenangan ini mengingatkan saya akan masa lalu ketika ingin menyewa komik seharga 300 rupiah harus jalan kaki terlebih dulu sepanjang 1km.