Selasa, 30 Desember 2014

Giveaway Soft Vinyl Bima X dari Jurnal Otaku Indonesia

Ngeblog meneh, crita-crita meneh. Ndhekwingi kira-kira sesasi kepungkur aku iseng nyoba melu Giveaway alias semacem sayembara ngono neng Facebook Fanpage'e Jurnal Otaku Indonesia, tugase ngeshare artikel perkara Action Figure Satria Garuda Bima X sing regane siji setengah yuta. Aku ya ora nyangka nek isoh entuk hadhiyah sing regane ameh 400ewu rupiyah iki mau, apa meneh ongkire gratisan sisan.

Nyoh, tak wenehi kaya ngapa hadhiyah gratisan saka Giveaway Jurnal Otaku Indonesia ndhekmben kuwi:

Iki wujude kothak paket sing tak tampa saka Jurnal Otaku Indonesia, kowe aja fokus karo tanganku sing alus kuwi ya.

Paket dibukak, trus sing pisanan tak temoni yaiku koran sing wis diuntel-untel, supaya bisa nglindhungi isi paket kuwi mau.

Sakngisore koran sing diuntel-untel kuwi mau lagi ketok isine sing saktenane, yaiku Soft Vinyl Satria Garuda Bima X sing isih dibuntel plastik Bubble Wrap.

Wujud Soft Vinyl Satria Garuda Bima X sing ijik dibuntel plastik Bubble Wrap umpama didelok saka sisih ngarepan.

Soft Vinyl Satria Garuda Bima X lekas ketok wujud asline sakwise plastik Bubble Wrap tak bukak, lan ijik ana plastik transparan kanggo mbungkus isi Action Figure'e.

Wujude Soft Vinyl Satria Garuda Bima X sing ijik ana neng njero plastik wungkus kuwi mau nek didelok saka sisih mburi, ketok kertu tag Satria Garuda Bima X.

Sing paling keri dhewe sing paling maknyus pas ketok wujud asline Action Figure kang nduweni jeneng Soft Vinyl Satria Garuda Bima X cacah 3 iji yaiku Flame Mode, Storm Mode lan Earth Mode.

Alhamdulillah bisa menang Giveaway saka Jurnal Otaku Indonesia iki. Piye ora seneng coba, lha wong kuwi mau nek ana toko regane sijine 130ewu je. Dadine nek ditotal ya sekitar 400ewu sakongkire sisan. Ya bejanlah bisa nduweni Action Figure iki gratis.

Maturnuwun, Jurnal Otaku Indonesia.

Tetep waras, tetep semangat, supaya tetep bisa dolanan...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar